May 11, 2011

Tembang Tanpa Gamelan (sebuah geguritan Jawa)


kangen
~
Dalu san saya asrep
Nalikaning penggalih sepen sanget
Mbok bilih katon sawijining pasuryan
Swanten ndangu ing sajroning talingan.
~
Panjenengan punapa kesupen,
Dandang Gula ingkang kula nembang,
Sesarengan ngandhapipun jawah,
Nalikaning mendhung kebak tantun.
~
Raka, sampun semana ugi,
Ngendikanipun rumiyin sami
Menopo sak menika dados benten,
Domadon damel waspa lepen.
~
Kula pun kepingin cecaketan,
Punagi Raka kang mekanthar-kanthar,
Pajar andining penggalih,
Kang kantun dumadon sepalih.
~
Ingkang pundhi papan Raka,
Tanpa pawarta Raka lelana,
Kados ringgit tanpa dalang,
Kados gamelan tanpa tembang.
~
Raka, pinangga peparing wados,
Wantun cedhak kadasta rumaos,
Dangu kula njemparing naros,
Dangu kula njemparing pitados.
~
Duh Raka, kangen menika sanajan mindhak,
Nyameni surya ing madya siyang,
Monggo caket tindhak kundur,
Pundhut nyupena kita pendhem dhuwur.
~
(Banda Aceh, Sewelas Mei Rongewu Sewelas)

1 comment:

  1. mantab geguritannya....ijin share
    kunjung balik ya gan
    http://geguritan.com/

    ReplyDelete

Masker Oksigen

photo from: Reader's Digest Akhir-akhir ini, saya terlibat pembicaraan yang lumayan mendalam dengan sahabat karib saya terkait deng...